SASTRA

Sastra

Assalamu'alaikum, sugeng ndalu sedherek padhusunan ing tlatah kabupaten Banjarnegara lan sekitare khususe ingkang manggen wonten sakiwa tengene gunung Pawinihan. Puji syukur wonten ngarsane Gusti Kang Akarya Jagat dene kula nembe kemawon dhamel blog kanthi judhul Suara Lembah Pawinihan. 
        Dene tujuwane kula dhamel blog meniko kangge berbagi inspirasi, informasi, lan mugi saged ndadosaken motivasi kangge nggesangaken literasi tumrap warga padhusunan kususipun warga sekitaripun gunung Pawinihan. Saha ngraketaken pasedherekan antawisipun sesami wargi. Selajengipun kula nyuwun pangapunten mbok bilih anggen kula ngginakaken basa kirang mranani wonten penggalihe para pamaos. 
        Dene kangge miwiti posting utawi ngunggah, kula aturaken setunggaling puisi ingkang nyritakaken kaendahanipun negari Indonesia,

KIDUNG CINTA



INDONESIAKU
                        Buah karya: Mohamad Ilyas
Desiran angin berbisik
Ombak menggulung beralun-alun
Nyiur melambai tertiup angin
Camar beterbangan berlalu lalang
Alangkah indah alam negriku

Gunung-gunung menjulang tinggi gagah perkasa
Bagai punggawa siaga di medan laga
Hutan merimbun  menghijau membalut gunung
Bagai pelindung  amukan musuh

Sawah menghampar indah tergelar
Bak permadani sang maharaja
Padi menguning bak untaian emas permata
Penghias hati tuan petani

Air danau berkilauan laksana cermin
Sungai mengalir berkelak-kelok
Bak ular raksasa tengah menari
Kicauan burung di pagi hari
Menggugah semangat membangun negri

Wahai pemuda pemudi
Jangan biarkan durjana merongrong negri
Kobarkan semangat untuk mengabdi
Pada ibu pertiwi


-------------------------------------------------------------------------------
 Tembang Gambuh

wonten pocapanipun 
adiguna, adigang, adigung
pan adigang kidang adigung pan esti
adiguna ula iku 
telu pisan mati sampyoh

gesang ing tani utun
wungu nendro esuk umun-umun
tan sarapan nuli budhal nyambut kardi
nyangking kudhi mikul pacul
mring sawah tegal nyang kebon

-----------------------------------------------------------------------------------------------


Mijil

dedalane guna lawan sekti
kudu andhap asor
wani ngalah luhur wekasane
tumungkula yen dipun dukani
bapang den simpangi
ana catur mungkur

Tidak ada komentar:

Posting Komentar